Artikel Bahasa Jawa

Tugas artikel basa Jawa ngenani fenomena/prastawa kang dumadi ing bawana (lingkungan sekitar).

NAMA : PUJA AQDAMUYASYARO PERMATA SARI
ABSEN: 28
KELAS : X MIPA 1


                                   UWUH ING KALI 
Penduduk tambah akeh lan perkampungan tambah padat, nyebabake masalah salah sijine yaiku sampah.  Uwuh terus dadi masalah saben dinane, amarga akeh penduduk sing kurang peduli karo lingkungan lan sik tetep mbuwang sampah sembarangan.

Ing Dusun Bendomungal Desa Kebonwaris, isik akeh warga sing ora sadar pentinge mbuwang sampah ing panggone. Buktine kali ing dusun Bendomungal akeh sampah kang numpuk. Warga pada mbuwang sampah ing kali tanpa peduli pengaruhe bagi lingkungan. Mulai teka sampah organik lan anorganik pada diguwak ing kali.

Mbuwang sampah ing kali nyebabake pengaruh negatif gawe lingkungan sekitar  yaiku banyu kali reged, mambune sing ora penak, aliran banyu kali ora lancar merga kesumpet sampah, iwak-iwak ing kali pada mati kena limbah, dadi sarang nyamuk,laler, lan penyakit, nyebabake banjir ing wayah udan, lan pengairan ing sawah terganggu amarga kesumpet sampah. 

Amarga kita yen mbuwang sampah sembarangan sing kena dampak negatif paling gede ya kita. Dadi kita kudu peduli marang lingkungan sekitar lan mbuwang sampah ing panggone sampah supaya lingkungan aman,nyaman, lan sehat bagi kita.

KATERANGAN:
1. Irah-irahan artikel : UWUH ING KALI
2. Asmane penulis artikel: PUJA AQDAMUYASYARO P.S
3. Media sing digunakake: media blogger
4. Sumber informasi: dikutip langsung ing kali dusun Bendomungal 
5. Papan panggonan dumadine: Ing kali Dusun Bendomungal
6. Dina lan tanggal kedadeyan: Senin, 10 Agustus 2020
7. Asmane narasumber: warga sekitar
8. Ukara kasunyatan, aktual, lan wis kedadeyan : Ing Dusun Bendomungal Desa Kebonwaris, isik akeh warga sing ora sadar pentinge mbuwang sampah ing panggone. Buktine kali ing dusun Bendomungal akeh sampah kang numpuk. Warga pada mbuwang sampah ing kali tanpa peduli pengaruhe bagi lingkungan. Mulai teka sampah organik lan anorganik pada diguwak ing kali.
9. Akibat sawise kedadeyan: Mbuwang sampah ing kali nyebabake pengaruh negatif gawe lingkungan sekitar  yaiku banyu kali reged, mambune sing ora penak, aliran banyu kali ora lancar merga kesumpet sampah, iwak-iwak ing kali pada mati kena limbah, dadi sarang nyamuk,laler, lan penyakit, nyebabake banjir ing wayah udan, lan pengairan ing sawah terganggu amarga kesumpet sampah.
10. Panemune narasumber kanggo ngudhari masalah: Aja buwang sampah ing kali, setiap uwong nduweni tanggung jawab marang sampah sing dihasilake, njaga kebersihan lingkungan sekitar, lan segera digolekna solusi sing tepat kanggo panggon lan penanganan sampah. 


Komentar